khutbah bahasa jawa zakat fitrah


ZAKAT FITRAH
Oleh: Kang Sidiq (31-05-19/26 Ramadhan 1440 H)
الحمد لله الذي جَعلَ شَهْرُ رَمضانَ سيدُ الشُهورِ، ضاعِفَ فيهِ الحْسناتِ والْأجورِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ .اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى  مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.أَيـُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
أَمَّا بَعْدُ

Jama’ah Shalat Juam’at Rahimakumullah
Monggo samio ningkataken taqwa kito dateng gusti Allah, kanti nindaaken perintah-perintahipun gusti Allah lan nebihi sedoyo awisan-awisanipon gusti Allah.
Alhamdulillah Boten kraos kito nglampahi poso sampon 25 dinten, la dinten jumat puniko sampon kalebet ing 26 wulan siyam, brati wulan siyam sekedap maleh bade ninggalaken kito sedoyo, idul fitri dinten engkang dipon tenggo-tenggo umat Islam bade dugi, ati iki roso bungah campur kalian sedih, bungah amergo riyoyo idul fitri bade dugi, sedih amergo wulan romadhon engkang kebak barokah, bade ninggalaken kito sedoyo, seng maune amal ibadah dipon lipat gandaaken, sak bakdane romadhon sampon boten, mejed mushola wonten ing saben-saben kampong seng maune rame kanti waosan al-qur’an, rame tiang engkang jama’ah shalat, sak bakdane romadhon maleh sepi kados biasane. Temen sedihe ati iki, kito sedoyo boten ngertos opoto kito sedoyo saget menangi maleh romadon tahon ngajeng, kito sakniki taseh gagah, nyambot damel taseh kuwat, mangan taseh nikmat, sehat wal afiyat anangeng kito mboten mangertosi kapan tekane sekarate pati, namong gusti Allah ngkang moho ngudaneni seng mangertosi. Mugi-mugiyo kito sedoyo dipon paring sehat wal’afiyat  sageto menangi maleh romadhon tahun mbenjeng.

Jama’ah Shalat Juam’at Rahimakumullah
Salah setunggalipon tondo tetengere bileh riyoyo idul fitri bade dugi enggeh puniko; poro imam taraweh, poro muden kelangan jama’ahe, seng maune jama’ahe kebak ngantos2 musolane mboten muat, banjur sakniki dadi surut, saben-saben salam noleh mburi jama’ahe soyo maju, soyo maju, seng rame pindah pasar, mal, lan toko-toko sandangan. Temen rugine tiang niku wau.
Perlu dipon mangertosi bileh saklebete wulan romadon puniko wonten perkawes engkang wigati sanget, nggeh puniko ngedalaken zakat fitrah. Zakat fitrah puniko wajib hukume kangge saben awak-awak an, wiwet sakeng bayi ceprot ngantos mbah-mbah ngkang sampon ompong peot.
Allah Swt berfirman wontengg ing al-quran surat al-baqarah ayat 43
(#qßJŠÏ%r&ur no4qn=¢Á9$# (#qè?#uäur no4qx.¨9$# (#qãèx.ö$#ur yìtB tûüÏèÏ.º§9$# ÇÍÌÈ  
Artosipon: lan jumenengono sopo siro kabeh ing shalat, lan aweho sopo siro kabeh ing zakat, lan podo ruku’o siro kabeh sertane wong-wong kang ruku’.

Jama’ah Shalat Juam’at Rahimakumullah
La kangge wedalipon zakat fitrah nggeh puniko wonten ing saklebete wulan romadhon sakderenge shalat id. Ewonde anggenipon ngedalke sak samponipon shalat id mboten kewilang zakat fitrah anangeng shodaqoh.
“Wonten ing zaman Rasulullah nate setunggal sahabat Usman kesupen ngedalake zakat hinggo sak sampunipon shalat id, sak sampunipon kemutan piambaipun banjur age-age wansol mundt seekor unto seng paleng sae, nuli dipon sade, banjor artonipon dipon damel merdekaaken budak. Banjur niku piambaaipon ngadep marang Rasul: Ya Rasulullah temen setuhune kulo kesupen ngedalaken zakat fitrah, anangeng kulo sampon nyade setunggal unto seng paleng sae kangge merdekaaken budak, nopoto niku setara nilanipon kelawan zakat fitrah ngkang kulo supe?
Rasulullah jawab wontwn ing ngajenge poro sahabat: temen banget rugine kangge sinten mawon seng boten ngedalake zakat fitrah, amergo pahalanipon zakat fitrah niku mboten wonten bandinganipon, jangankan merdekaaken setunggal budak, merdekaaken 100 budak pon mboten saget bandingi pahalanipon zakat fitrah”.

Jama’ah Shalat Juam’at Rahimakumullah
Mulo sakeng niku kulo ajak2 awak kulo piambak lan jama’ah sedoyo monggo sareng-sareng ngedalake zakat fitrah wonten ing wulan romadhon puniko. Mekaten wau khutbah ingkang saget kulo aturaken mugi-mugi saget paring guno lan manfaat kangge kito sedoyo. Akhirul kalam, mugi-mugi Alloh SWT tansah maringi rahmat, taufiq, hidayah lan kekuatan kangge kito sedoyo, sahinggo kito saget ngatah-ngatahaken ngibadah marang Allah SWT ing detek-detek terakhir wulan Ramadhan meniko. Lan mugi-mugi Gusti Allah nerimo, sholat kito, shiyam kito, zakat  kito, lan sedoyo amal ibadah kito ing ndalem wulan Romadhon. Lan mugi-mugi gusti Allah tansyah maringi panjang umur sehat wal’afiyat sageto sregep ngibadah saget menangi idul fitri lan wulan romadon tahun ngajeng, amin Allahumma Amin. amergo sepindah maleh pati sekarat niku mboten wonteng ngkang saget mangertosi kejobo gusti Allah engkang moho ngudaneni.

 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم إنه هو الغفور الرحيم.

Komentar